Table of Content

Ulangan Harian 1 Bahasa Jawa Bab Artikel Kelas 10

Latihan Soal Bahasa Jawa Kelas X Semester 1 Dan Kunci Jawaban Kurikulum 2013 Terbaru
Assalamualaikum. Setelah kemarin kita membahas Soal Esai Bahasa Jawa Kelas 10 Beserta Jawabannya Sekarang kita lanjut ke soal bahasa jawa dengan pilgan dan essai bab artikel dan cerkak yang akan menjadi bahan untuk ulangan harian 1 pada semester 1. Semoga bermanfaat dapat membantu bapak-ibu guru dalam memberikan latihan soal kepada murid nya. ~Selamat membaca

Soal pilihan ganda bahasa jawa kelas 10 semester 1

Wangsulana kanthi bener!

1. Gatekna teks artikel ing ngisor iki! 
Karesikan mujudake bab wigati jroning panguripan. Tansah njaga karesikan iku dadi tugase sakabehane masyarakat. Saupama ora ana karesikan, mbokmenawa donya iki bakal kebak reseg utawa sampah. Ing ngendi-endi bakal thukul maneka warnane jinis penyakit sing bakal nyerang manungsa. Awake dhewe kudu tansah njaga karesikan amrih awake dhewe bisa urip kanthi sehat.
Bakune gagasan artikel ing ndhuwur yaiku .... 

A. Perlune njaga karesikan jroning panguripan. ✓
B. Njaga karesikan tugase kabeh masyarakat.
C. Ing donya iki mbesuk bakal kebak reseg/sampah.
D. Maneka warna penyakit bakal nyerang manungsa.
E. Wong sing njaga karesikan bisa urip kanthi sehat.

2. Gatekna teks artikel ing ngisor iki! 
Ndeleng kaendahan pletheking srengenge ing gunung Bromo mujudake sawijine anugrah kang nyenengake banget. Campuran rupa kuning, orenye, ireng lan biru sing diasilake saka fenomena alam pletheking srengenge bener-bener dadi sesawangan kang endah banget tumrap sapa wae sing nyawang. Kaendahane gunung Bromo pancen wis kondhang nganti tumeka ing manca negara. 
Bakune gagasan artikel ing ndhuwur yaiku ....

A. Kaendahan pletheke srengenge ing gunung Bromo. ✓
B. Plesiran ing gunung Bromo iku nyenengake banget.
C. Akeh tinemu maneka fenomena ing gunung Bromo.
D. Pletheking srengenge dadi sesawangan kang endah.
E. Kaendahane gunung Bromo pancen wis kondhang.

3. Gatekna teks artikel ing ngisor iki!
Ruwang terbuka hijau (RTH) dadi idham-idhamane masyarakat ing saben-saben dhaerah. RTH iku mujudake sawijine panggonan utawa laladan sing penganggone asipat tinarbuka (terbuka) lan akeh tanduran utawa wit-witane. Kanthi anane RTH ing saben-saben dhaerah bisa mbiyantu masyarakat, yaiku: kena kanggo papan rekreasi lan silaturohmi, minangka kawasan okologi, lan kena kanggo hiburan sarta pendhidhikan. 
Bakune gagasan artikel ing ndhuwur yaiku ....

A. Guna lan paedahe RTH. ✓
B. Kepengin menyang RTH.
C. Pangerteni ukara RTH.
D. Sing ana ing njero RTH.
E. Rekreasi menyang RTH.

4. Gatekna teks artikel ing ngisor iki! 
Alas mujudake laladan sing kebak anane wit-witan lan maneka warnane jinis tetuwuhan kang uga minangka dadi papan padunungane sato kewan. Alas minangka sawijine ekosistem paling gedhe ing bumi iki kanggo njaga keseimbangan alam (memayu hayuning alam) kang bisa ngasilake oksigen kanggo kaperluwane sakabehane makhluk kang urip. 
Bakune gagasan artikel ing ndhuwur yaiku ....

A. Guna lan paedahe alas.
B. Isen-isene ing njero alas.
C. Tujuwan nglestarekne alas.
D. Kewan sing ing njero alas.
E. Ekosistem ing sajerone alas. ✓

5. Gatekna teks ing ngisor iki! 
Limbah kanthong plastik dadi salah sawijining sebab kang njalari polusi. Menawa awake dhewe gelem bareng-bareng miwiti nganggo tas plastik ramah lingkungan iku bakal mbiyantu nylametake saperangan lingkungan. Yagene kok awake dhewe kudu ngganti kanthong plastik karo tas plastik ramah lingkungan? Ora mung ngganggu pemandhangan, nanging sampah plastik bisa njalari reged, awut-awutan, lan wong- wong padha ora nyaman. Mulane awake dhewe ayo nyuda penganggone plastik, sarana nggunakake tas sing ramah lingkungan. 
Yen dideleng saka isine, teks ing ndhuwur kalebu jinise artikel ....

A. persuasi ✓
B. dheskripsi
C. narasi
D. ekposisi
E. argumentasi

6. Gatekna teks ing ngisor iki!
Pakulinan ngrokok bisa nyebabake kematian. Ora sethithik wong mati sing disebabake krana bebayane ngrokok. Adhedhasar dhata saka Kemenkes, ing Indonesia saben 10 menit sepisan ana wong mati sing disebabake saka bebayane ngrokok. Bebayane ngrokok pancen ora bisa dirasakne langsung, nanging butuh wektu sing rada suwe. Miturut dr. Nugraha, ing njerone rokok ana zat-zat kimia sing mbebayani. Beluk rokok sing disedhot bisa nggrogoti paru-paru, gorokan, lan liya-liyane kang bisa njalari penyakit bronkitis, jantung, lan kehamilan. 
Yen dideleng saka isine, teks ing ndhuwur kalebu jinise artikel ....

A. argumentasi
B. dheskripsi
C. ekposisi ✓
D. persuasi
E. narasi

7. Gatekna teks ing ngisor iki! 
Kahanane ekonomi negara Indonesia sajake wis mulai pulih. Buktine, saben dina awake dhewe bisa ndeleng maneka warnane jinis kendharaan sing liwat ing dalan ora ana sing elek, rata-rataanyar. Malah kendharaan mewah akeh kita temoni. Kejaba saka kuwi kekuwatan blanja masyarakat ing mal-mal utawa toko-toko saya ningkat. Wong mbangun omah ya akeh malah katon apik-apik. 
Yen dideleng saka isine, teks ing ndhuwur kalebu jinise artikel ....

A. ekposisi
B. dheskripsi
C. narasi
D. persuasi
E. argumentasi ✓

8. Gatekna teks ing ngisor iki!
Pas iku, aku lagi siyap-siyap arep budhal sekolah. Ndelok pawarta ing televisi menawa rumah penjaga sekolahku kobongan. Kobongan iku kedadeyane jam 2 esuk. Merga pawarta iku, aku terus mikir kepriye ya kahanane pak Bon karo keluargane. Aku tansah ndonga muga-muga Pak Bon lan keluwargane tansah ginanjar slamet. 
Yen dideleng saka isine, teks ing ndhuwur kalebu jinise artikel ....

A. narasi ✓
B. ekposisi
C. persuasi
D. dheskripsi
E. argumentasi

9. Gatekna teks ing ngisor iki!
Perpustakaan Bung Karno iku manggone ing Jalan Kalasan nomer 1 Kutha Blitar. Ing kono awake dhewe kejaba bisa maca-maca buku ngenani ajaran-ajaran Bung Karno uga bisa ziyarah ing makame Bung Karno jalaran panggonane gandheng karo makame Bung Karno. Ing ngarep dhewe ana patung Bung Karno, dene ing sisihe ana blumbangan taman kang bisa nambahi endahe sesawangan. 
Yen dideleng saka isine, teks ing ndhuwur kalebu jinise artikel ....

A. dheskripsi ✓
B. ekposisi
C. narasi
D. persuasi
E. argumentasi

10. Sing dudu jinise teks artikel yaiku ....

A. ngandharake
B. nggambarake
C. njlentrehake
D. ndongengake ✓
E. nerangake

11. Pethikan pada (paragraf) kasebut kalebu wangun teks artikel bageyan ....
 
Soal Bahasa Jawa Kelas 10 Tentang Artikel

A. idhentifikasi
B. klasifikasi ✓
C. konklusi
D. dheskripsi
E. resolusi

12. Pranyatan sing dudu titikane teks artikel ing ngisor iki yaiku ....

A. objeke samubarang
B. isine subjektif ✓
C. asipat ilmiyah
D. dhatane faktuwal
E. isine objektif

13. Ing ngisor iki klebu carane nggawe teks artikel sing bener yaiku ….

A. njinggleng golek dhata, nggawe teks sing runtut, dipriksa asile
B. njinggleng golek dhata, dipriksa asile, nggawe teks sing runtut ✓
C. nggawe teks sing runtut, dipriksa asile, njinggleng golek dhata
D. njinggleng golek dhata, nggawe reng-rengan, nulis artikel
E. njinggleng golek dhata, nulis artikel, nggawe ringkesan

14. Angklung minangka salah sijine piranti musik tradhisional sing digawe saka pring utawa deling. Angklung uga wis kadhaptar dadi karya agung warisan budaya lisan lan non bendawi manungsa dening UNESCO wiwit sasi November 2010. Jonathan Rigg minangka pangripta Dictionary of Sunda Language nulisake angklung yaiku piranti musik sing digawe saka pring ditugeli arupa pipa-pipa sajrone organ lan ditaleni bebarengan, dikedherake kanggo ngasilake uni. Miturut wacan kasebut angklung yaiku ....

A. piranti musik tradhisional saka pring sing wujude kaya pipa
B. piranti musik tradhisional saka wesi sing awujud kothak
C. piranti musik modhern saka pring sing awujud kubus
D. piranti musik tradhisional saka wesi sing awujud kaya pipa ✓
E. piranti musik modhern saka wesi sing awujud kaya pipa

15. Bakune rembung (pokok bahasan) ing teks kasebut yaiku …

Malang saiki lagi katerak udan angin. Wis pirang-pirang dina iki, saben wayah esuk sore bengi, angin campur grimis ngguyur kutha Malang Sasuwene sepuluh taun iki, lagi iki ing Malang ngerasakna udan angin sing bantere kaya mengkono.

A. kahanan Kutha Malang saiki
B. Kutha Malang lagi ana udan angin ✓
C. Malang lagi siyaga bencana
D. PLN kudu sering mreteli pang-pang wit
E. udan angin sing ana maneh ing Malang

16. Uwuh sing ana ing masyarakat bisa kaperang dadi loro, yaiku uwuh organik lan anorganik. Uwuh organik yaiku sawenehe uwuh sing dumadi saka tetuwuhan utawa urip-uripan, upamane sisa panganan, godhong, lan liya-liyane. Dene uwuh anorganik yaiku uwuh sing dumadi saka proses prodhuksi kanthi cara kimia, upamane wesi, kaca, plastik, lan liya-liyane. Sakabehing uwuh mau menawa ora diopeni kanthi becik mesthi nuwuhake ambu sing ora enak lan pungkasane bisa nyebabake lelara.

Kanthi nggunakake Teknologi Tepat Guna, uwuh sing ana ing masyarakat jebul bisa migunani maneh. Ngupaya uwuh iki bisa kaperang dadi telu, yaiku kanthi didhaur ulang. didadekake kompos, lan didadekake barang dadi utawa barang kerajinan. Ngupaya uwuh kanthi dhaur ulang biasane awujud uwuh sing arupa uwuh anorganik. Dene carane nggawe dhaur ulang iki kanthi diobong banjur sisane obongan didadekake lemah urug. Cara kaping pindho yaiku uwuh didadekake kompos. Nggawe kompos iki bisa kanthi cara nglumpukake uwuh organik banjur ditutup kanthi rapet. Sawise uwuh organik bosok dadi lemah. sisa uwuh mau bisa digawe rabuk tetanduran. Kaping telu nggunakake uwuh supaya dadi barang kerajinan. Nggunakake uwuh supaya dadi barang kerajinan iki bisa awujud saka uwuh organik lan uwuh anorganik. Uwuh organik bisa didadekake barang kerajinan upamane tas saka enceng gondhok. Uwuh anorganik upamane plastik bungkus panganan bisa digawe tas utawa barang kerajinan liyane. Sing cetha menawa masyarakat bisa kreatif, uwuh sing maune dadi reretu saka rekayasa malah bisa miguna lan nduweni nilai tambah. 

Wacan ing ndhuwur sing luwih trep diwenehi irah-irahan ….

A. Rekayasa Uwuh
B. Paedahe Uwuh
C. Uwuh Organik
D. Jinise Uwuh ✓
E. Bebayane Uwuh

17. Menawa uwuh diolah kanthi tumemen lan kreatif, bisa dadi sumber ekonomi warga, kayata ….
 
soal bahasa jawa tentang artikel

A. dadi lemah urugan
B. dadi barang kerajinan ✓
C. papan wisata
D. diobong
E. dijupuki wong uruban/rosokan

18. Ing ngisor iki tumindak adhedhasar isine teks sing bisa dituladha, kejaba ….
 
Uwuh sing ana ing masyarakat bisa kaperang dadi loro, yaiku uwuh organik lan anorganik. Uwuh organik yaiku sawenehe uwuh sing dumadi saka tetuwuhan utawa urip-uripan, upamane sisa panganan, godhong, lan liya-liyane. Dene uwuh anorganik yaiku uwuh sing dumadi saka proses prodhuksi kanthi cara kimia, upamane wesi, kaca, plastik, lan liya-liyane. Sakabehing uwuh mau menawa ora diopeni kanthi becik mesthi nuwuhake ambu sing ora enak lan pungkasane bisa nyebabake lelara.  Kanthi nggunakake Teknologi Tepat Guna, uwuh sing ana ing masyarakat jebul bisa migunani maneh. Ngupaya uwuh iki bisa kaperang dadi telu, yaiku kanthi didhaur ulang. didadekake kompos, lan didadekake barang dadi utawa barang kerajinan. Ngupaya uwuh kanthi dhaur ulang biasane awujud uwuh sing arupa uwuh anorganik. Dene carane nggawe dhaur ulang iki kanthi diobong banjur sisane obongan didadekake lemah urug. Cara kaping pindho yaiku uwuh didadekake kompos. Nggawe kompos iki bisa kanthi cara nglumpukake uwuh organik banjur ditutup kanthi rapet. Sawise uwuh organik bosok dadi lemah. sisa uwuh mau bisa digawe rabuk tetanduran. Kaping telu nggunakake uwuh supaya dadi barang kerajinan. Nggunakake uwuh supaya dadi barang kerajinan iki bisa awujud saka uwuh organik lan uwuh anorganik. Uwuh organik bisa didadekake barang kerajinan upamane tas saka enceng gondhok. Uwuh anorganik upamane plastik bungkus panganan bisa digawe tas utawa barang kerajinan liyane. Sing cetha menawa masyarakat bisa kreatif, uwuh sing maune dadi reretu saka rekayasa malah bisa miguna lan nduweni nilai tambah.

A. kudu bisa njaga lingkungan
B. ora mbuwang uwuh sakarepe dhewe
C. misahake uwuh organik lan anorganik
D. ngobong sampah ing pekarangan omah ✓
E. ora mbuwang sampah ing kali

19. Sing dudu jinise wuwuhan yaiku ….

A. pamuwuh
B. seselan
C. ater ater
D, panambang
E. camboran ✓

20. “Uwuh organik yaiku sawenehe uwuh sing dumadi saka tetuwuhan utawa urip-uripan, upamane sisa panganan, godhong, lan liya-liyane.” Tembung “sawenehe” ing ukara kasebut oleh wuwuhan jinis ….

A. pamuwuh
B. seselan
C. ater-ater
D. panambang ✓
E. camboran

21. Uwuh organik yaiku sawenehe uwuh sing dumadi saka tetuwuhan utawa urip-uripan, upamane sisa panganan, godhong, lan liya-liyane. Tembung “liya-liyane” ing ukara kasebut klebu jinise tembung rangkep jinis ….

A. dwi lingga
B. dwi lingga salin swara
C. dwi purwa
D. dwi wasana
E. dwi lingga padha swara ✓

22. “Keparengna aku neng kene arep nepungake diri pribadiku menyang Sampeyan.” Ukara kasebut kalebu bageyane tata carane tepungan/kenalan bab ….

A. atur salam ✓
B. mbabar pikajengan
C, nyuwun palilah
D. atur pangarep-arep/pepujen
E. atur panuwun

23. “Muga lumantar tepungan iki bisa angraketake paseduluran.” Ukara kasebut kalebu bageyane tata carane tepungan/kenalan bab ….

A. atur salam
B. mbabar pikajengan
C, nyuwun palilah
D. atur pangarep-arep/pepujen ✓
E. atur panuwun

24. Tata carane salaman karo kanca utawa wong sapadha yaiku ….

A. salaman salumrahe ✓
B. Dsalaman ngambung tangane dhewe
C. salaman diambung tangane
D. salaman mung kanthi cara ngawe-awe
E. salaman karo ndhiluk

25. Cakepan tembang ing ngandhap menika ingkang isinipun babagan nyingkiri napsu angkara murka kanthi ngrasuk agama, yaiku...

A. Mingkar mingkure angkara
Akarana karenan mardi siwi
Sinawung resmining kidung
Sinuba sinukarta
Mrih kretarta pakartining ngelmu luhung
Kang tumrap neng tanah jawi
Agama ageming aji

B. Jinejer ing wedhatama
Mrih tan kemba kembenganing pambudi
Mangka nadyan tuwa pikun
Yen tan mikani rasa
Yekti sepi asepalir sepah samun
Samangsane pasamuan
Gonyak-ganyuk nglelingsemi

C. Uripe sepisan rusak
Nora mulur nalare ting saluwir
Kadi taguwa kang sirung
Sinerang ing maruta
Gumarenggeng anggereng anggung grumunggung
Pindha padhane si muda
Prandene paksa kumaki

D. Mangkono ilmu kang nyata
Sanyatane mung weh reseping ati
Bungah ingaranan cubluk
Sukeng tyas yen denira
Nora kaya si punggung anggung grumunggung
Ugungan sadina-dina
Aja mangkono wong urip

E. Sejatine kang mangkana
Wus kakenan nugrahaning Hyang Widhi
Bali alaming ngasrawung
Tan karem karameyan
Ingkang sipat wisesa winisesa wus
Mulih mula mulanira
Mulane wong anom sami

Jawaban: 
B. Jinejer ing wedhatama
Mrih tan kemba kembenganing pambudi
Mangka nadyan tuwa pikun
Yen tan mikani rasa
Yekti sepi asepalir sepah samun
Samangsane pasamuan
Gonyak-ganyuk nglelingsemi

Soal essai bahasa jawa kelas 10 semester 1

1. Bung Tomo alias Sutomo miyos ing Kampung Tembok Dukuh, Surabaya kala tanggal 3 Oktober 1920 putrane Tjipto Wijono. Tamat HIS Surabaya (1926-1933) nglajengaken sekolah dhateng HBS (1933-1938) ngantos tamat kanthi predikat Leise Schrift Onderwijs.

Wiwit taksih timur, Sutomo sampun aktif wonten Kapanduan Bangsa Indonesia (1933-1938) Kejawi punika ugi aktif wonten ing Parindra (Partai Indonesia Raya) ingkang dipunpandhegani dening dr. Soetomo. Jiwa seninipun ugi menjila, Sutomo aktif lan dados Ketua Kelompok Sandiwara Pemuda Parindra. Lumantar sandiwara tonil menika Sutomo ngobaraken semangat perjuwangan rakyat. Kelompok sandiwara menika pentas wonten" ing Gedung GNI JI. Bubutan Santri langgar ing Tembok Dukuh menika kapilut semangat perjuwanganipun tokoh Sarekat Islam (SI) HOS Tjokroaminoto. Wiwit menika Sutomo lajeng aktif dherek kiprahipun kaum pergerakan lumantar gemblengan Pak Tom, Pak Tjokro, lan Bung Karno.

Taun 1937 Sutomo dados wartawan Harian "Oemoem" nyambi wonten ing Mingguan "Pembela Rakyat" minangka redakturipun. Salajengipun ugi dada wartawan lan panyerat "pojok wonten ing harian basa Jawi "Ekspress Surabaya Taun 1939 dados koresponden majalah "Poestaka Timoer" wiyosan Yogyakarta kangge Surabaya.
 
Golekana tuladha tembung lingga lan tembung andhahan saka wacan ing ndhuwur!

Jawaban:
  • tembung lingga: kampung, tanggal, sekolah
  • tembung andhahan: putrane, nglajengaken, ngobaraken

2. Gatekna wacan cerkak ing ngisor iki!
Tinimbang ana omah mung nganggur lan ngenteni ditakonake anake wong, karuwan lunga nggolek pengalaman nggolek upa aneng kutha, ucape Kinanthi nalika ngajak Tangguh mangkat Semarang. Pranyata Tangguh uga sarujuk. Lan saiki wis genep setaun anggone bebarengan sinau nyambung nyawa ing kutha atlas.

"Mbak, nyuwun kentang goreng kalih es lemon tea malih, inggih."

"Inggih, Mbak," pelayan mau mesem.

Tangguh nyawang kancane. Dheweke ngerteni menawa Kinanthi lagi nandang susah ing batin mlayune kudu mangan enak lan akeh. Dheweke gumun, kenangapa kancane sinarawedhi iku ora bisa mbukak atine kanggo nrima tresnane wong lanang. Kamangka wis akeh banged priya sing nyedhaki lan karep ngrengkuh Kinanthi.

Kenangapa ta. Kin, apa ta, kurange Mas Sudibya? Priyantune nggantheng, nyambut gawene wis mapan. Superviser ing kantormu, ta?" pitakone Tangguh.

"Piye ya, Ngguh, Mas Sudibya ora tipeku, kurang cocog, tur meneh, aku durung kepingin sinau katresnan. Esih akeh cita-cita lan kepinginan sing pingin takranggeh," sinambi dolanan sedhotan ing lambene, Kinanthi nyauri.

Sapa wae paraga ing cerita ing ndhuwur?

Jawaban: Kinanthi, Tangguh, pelayan, Sudibyo

3. Gatekna wacan cerkak ing ngisor iki!
“Kang Karjo metua! Ayo gotong royong nyang Dham Buntung. Dham Buntung ambrol,
banyune mbludag arahe mrene” mangkono kandhane bayan Mardi saka dalan ngarep
omah.

“Apa, Dham Buntung ambrol?"

“Iya! Wis gek ndang mangkat dienteni kanca-kanca ana mbale!”

Enggal-enggal Karjo salin pangganggo nyaut pacul karo caping nggeblas budhal nyang
mbale dukuh. Pitakonane sing wadon karo anake ora dipaelu, mung weling supaya ana
ngomah ngati-ati. Tekan nggone katon banyu kimplah-kimplah mili saka jebolan dham
ngener desane lan nrabas kebonan tumuju pesawahan sing ana pinggir desa. Sinambi
gotong royong nutupi jebolan ati lan pikirane tumuju menyang sawahe sing arep panen
lan biaya kanggo anake nerusake sekolahe.

Saking pethilan cerkak kasebut wontenipun raos tetulung antawisipun tiyang setunggal lan
sanesipun mratelaken bilih cariyos kasebut ngemot nilai ingkang sae inggih punika....

Jawaban: sosial

4. Nalika surya kaping13 pebruari 2014, Gunung Kelud ngalami gempa vulkanik kaping 190.
Gempa vulkanik iku luwih dahsyat maneh nalika jam 12.00 nganti 18.00 nganti ping 442. Nalika
jam sanga bengi luwih lima las menit, status Gunung Kelud saka siaga dadi awas, mula ing tlatah

iki warga banjur padha ngungsi. Kurang luwih 5 km saka Kawah Kelud wis disterilke saka
kegiyatan manungsa. Kurang luwih jam 10.00 bengi, kegiyatan manungsa diendheg utawa
disterilke kang maune radius 5 km, saiki dadi radius 10 km. Iku kabeh kanggo keamanan amarga
Gunung Kelud wis ngetokke lahar panas, lan awu vulkanik.

Teks ing ndhuwur, menehi kawruh ngenani sawijining kadadeyan, mula teks kasebut

Jawaban: Pawarta

5. Yen omah joglo dipisah miturut bageane, omah tradhisional Jawa Tengah kasusun saka
pirang-pirang bagean salah sijine yaiku bagean joglo umume digunakake kanggo nampa
tamu. Dene, ana bagean kang luwih njero, bisa kanggo nampa tamu kang luwih raket,
ananging fungsi utamane yaiku kanggo pagelaran wayang. Ana uga bagean papan
kanggo kulawarga. Kamar kulawarga uga diperang dadi pirang-pirang kamar yaiku
sisih tengen lan kiwa.

Bagean joglo ingkang dipunginakaken kangge pagelaran seni tradisi inggih punika....

Jawaban: pringgitan

Sekian dari soal UH bahasa Jawa untuk SMA semester 1 dan 2. Apabila terdapat jawaban yang salah pada artikel ini mohon dimaklumi dan dimaafkan, karena manusia tidak bisa lepas dari kesalahan. Tapi kami sudah berusaha untuk memberikan jawaban yang menurut kami benar dan kami tidak memberikan jawaban secara asal-asalan melainkan kami berusaha semaksimal mungkin untuk mendapatkan jawaban yang InsyaAllah benar. Bila ada yang salah kami mohon maaf yang sebesar-besarnya dan silahkan taruh jawaban yang benar pada kolom komentar agar kami dapat mengubah jawaban yang salah tadi menjadi benar. Semoga membantu dan bermanfaat bagi kalian semua, jangan lupa share ke teman kalian agar ilmunya bisa bermanfaat bagi banyak orang dan bisa sama-sama mendapatkan nilai yang bagus. Sekian dari kami. Terimakasih
Saya adalah admin dari Instagram @memekoplak.hqq. Disini saya membuat blog untuk Fansub anime (MKH Fansub) dan Pembahasan anime (MKH Anime). Jadi jika kalian penasaran dengan meme saya, langsung cek …