Lebda Basa Jawa Gladhen Kaca 50
Ukara-ukara nganggo basa ngoko ing ngisor iki owahana dadi basa Jawa krama! Garapen ing buku tulismu!
1. Ngoko: Nak, kowe mau teka kene numpak apa?
Krama: Engger, panjenengan ndugi mriki nitih napa
2. Ngoko: Aku dikongkon ibu tuku gula.
Krama: kula dipun kengken ibu tumbas gendhis
3. Ngoko: Bukune digawa Bu Guru mulih.
Krama: Bukune pun diasto Bu Guru mantok.
4. Ngoko: Mbah, kowe apa sida lunga menyang Sala?
Krama: Mbah, hapa panjenengan siyos dhateng Sala?
5. Ngoko: Bapak budhak kerja tabuh 07.00.
Krama: Bapak tindak ngasto tabuh 07.00
6. Ngoko: Eyang lagi teka saka Semarang.
Krama: Eyang nembih ndugi Sangking Semarang.
7. Ngoko: Bu Wahyu ora mulang, amarga lara.
Krama: Bu wahyu mboten mucal, amarga piyambakipun gerah
8. Ngoko: Dhik, segane mau apa wis kokpangan?
Krama: Dhik, segani pun wan sampun sampeyan dhahar?
9. Ngoko: Dhik, aja mulih, turu kene wae!
Krama: Dhik, Sampun wangsul, tilem mriki mawon!
10. Ngoko: Ibu lunga menyang pasar tuku beras.
Krama: Ibu kindak peken tumbas was.
ing ndhuwur iku 10 pitakon lan wangsulane ganti basa ngoko dadi basa krama, banjur kita pindhah menyang materi
Undha Usuk Basa Jawa
Basa Jawa isih ngugemi anane unggah-ungguh (subasita/tata krama), salah sijine bab undha-usuk basa. Menawa para siswa njingglengi drama ing ndhuwur (Tansah Ana Dalan lan Nyuwun Pangapunten Ibu) mligine bab penganggone basa anak marang wong tuwane mesthi wae ora padha. Bab kasebut klebu undha-usuk basa. Undha-usuk yaiku tata krama penganggone basa sing awujud tingkatan/tataran tuturan. Undha-usuk ing Basa Jawa peprincene kaya mangkene.
Basa Krama
Basa krama kaperang dadi loro, yaiku krama lugu/andhap lan krama alus/inggil.
A. Krama Lugu
Basa krama lugu yaiku basa krama sing tembung-tembunge lugu lan ora kacampuran tembung-tembung krama inggil tumrap wong sing diajak guneman. Panganggone yaiku marang wong sadrajat sing durung raket (durung akrab), upamane bakul ing pasar karo wong sing tuku, kanca anyaran, lan sapiturute.
Tuladha:
a) Aku ditakoni wong ing sisihku neng bis mau, "Sampeyan badhe kesah dhateng pundi?
b) Bakul ing warkop mau takon, "Sampeyan wau dalu tilem tabuh pinten?"
c) Puji, kanca anyarku nalika Orientasi Mahasiswa Baru takon, "Sampeyan kala wingi dipuntumbasaken sepatu ing pundi?"
B. Krama Alus
Basa krama alus yaiku basa krama sing tembung-tembunge alus utawa nganggo tembung tembung krama inggil tumrap wong sing diajak guneman. Panganggone:
1) Wong enom marang wong tuwa, upamane anak marang bapak/ibune, putu marang eyang/simbahe, ponakan marang pakdhe/budhene, lan sapiturute
2) Marang wong sing luwih dhuwur drajate/sing diajeni, upamane murid marang gurune, abdi/rewang marang juragane (bendarane), pegawe/karyawan marang dhedhuwurane, lan sapiturute.
Tuladha:
a) Siswa takon karo gurune, "Panjenengan badhe tindak dhateng pundi?"
b) Ponakan takon marang pakdhene, "Panjenengan wau dalu sare tabuh pinten?"
c) Rewang takon marang juragane, "Panjenengan kala wingi dipunpundhutaken sepatu wonten pundi?"
Cathetan:
Basa Jawa Krama rakitan tembunge kudu krama kabeh. Bedane krama lugu karo ngoko alus mung ing tembung kriyane wae. Dene ater-ater lan panambang uga kudu dikramakake, upamane /tak- / dadi /kula-/, /kok-/ dadi /panjenenan-/, /di- / dadi /dipun-/, /-e/ dadi /-ipun/, /-ake/ dadi /-aken /.
Basa Ngoko
Basa ngoko kaperang dadi loro, yaiku ngoko lugu lan ngoko alus.
A. Ngoko Lugu
Ngoko Lugu yaiku basa ngoko sing ora kacampuran tembung-tembung krama inggil tumrap wong sing diajak guneman. Panganggone:
1) Marang wong sing sadrajat (sebaya) sing wis kulina (akrab)
2) Marang wong sing luwih enom, kayata wong tuwa (bapak/ibu) marang anak, guru marang muride, eyang/simbah marang putune, pak dhe/budhe, paklik/bulik marang ponakane, lan sapiturute
Tuladha:
a) Aldi, kanca raketku taktakoni, "Kowe arep lunga menyang ngendi?"
b) Ibu takon, "Kowe mau bengi tekane tabuh pira?"
c) Pakdhe takon, "Kowe dhek wingi ditukokake ibumu sepatu ing ngendi?"
B. Ngoko Alus
Ngoko Alus yaiku basa ngoko sing kacampuran tembung-tembung krama inggil tumrap wong sing diajak guneman. Panganggone:
1) Sedulur enom marang sedulur tuwa
2) Wong sing kaprenah tuwa marang wong enom sing drajate luwih dhuwur.
3) Ibu marang bapak sing wis ngoko-ngokoan (amarga wis kulina)
Tuladha:
a) Kamituwa takon marang Pak Kades, "Panjenengan arep tindak menyang ngendi?"
b) Ibu takon marang bapak, "Panjenengan mau bengi rawuhe tabuh pira?”
c) Adhik ragil takon marang kangmas mbarepe, “Panjenengan dhek wingi dipundhutake ibu sepatu ing ngendi?"
Cathetan:
Basa Jawa Ngoko rakitan tembunge kudu ngoko kabeh. Dene sing dikramakake ing basa ngoko alus yaiku:
1.Tembung sesulih purusa ka-2 (kata ganti orang ke-2) lan tembung kriya (kata kerja).
2. Tembung kriya sing dikramakake, ater-ater (awalan) lan panambang (akhiran) tetep ngoko.