Table of Content

Jawaban LKS Bahasa Jawa Halaman 30 Kelas 10

LKS BAHASA JAWA TUGAS 2-BAB CRITA WAYANG HALAMAN 30 Soal Beserta Jawabannya

Soal Cerita Wayang Bahasa Jawa Kelas X Semester 1




Petruk Dadi Ratu

Kacarita, ing sacedhake tapel wates praja Ngastina madeg praja anyar kang aran Sonyawibawa. Ratune jejuluk Prabu Durtawarna ya Prabu Gurnadur ya Prabu Thongthongsot ja Prabu Belgedhuwelbeh. Ratu mau sekti mandraguna lan bisa ngrubah kahanan kang maune para kawula padha kekurangan uripe dadi makmur. Akeh para kawula Ngastina kang paidha pindhah menyang praja Sonyawibawa.

Kahanan mau kang ndadekake nesune ratu Ngastina Prabu Duryudana. Rato Sonyawibawa wis wani mbalela marang Ngastina. Mula Prabu Duryudana ngerigake prajurit saperlu nglurug perang Sonyawibawa. Nalika para prajurit Ngastina tekan tlatah Senyawibawa padha kaget Sawah kang maune cengkar dadi subur lan tandurane ijo royo sadurunge yo. Para kawula padha sengkut makarya, ana sing ngluku, macul, ngepeki pari. Inn liya liyane. Papan kang rupa bangunan didadekake kandhang pitik, bebek, wedhus.

sapi, kang diduweki rakyat. Pokoke, praja Sonyawibawa ngutamakake kesejahteraan rakyate. Nalika prajurit Ngastina mlebu kraton dipapag para punggawa praja Sonyawibawa. Dumadi perang rame. Prajurit Ngastina kasoran yuda padha miayu, Prabu Duryudana kepikut dening Prabu Belgedhuwelbeh. Kanggo mbebasake Prabu Duryudana, patih Ngastina Harya Sengkuni golek bantuwan marang para Pandhawa. Senajan tansah mungsuhi Pandhawa, Prabu Puntadewa kersa bebantu. Putra Pandhawa, Gathotkaca. Antasena, lan Bratasena maju perang. Nanging ora bisa ngalabake. Kabeh padha keplayu.

Kresna kang titisane Wisnu, prentah marang Gareng lan Bagong ngadhepi raja Sonyawibawa. Klakon perang rame, ora ana sing kalah ora ana sing menang. Nalika bisa kepikut, raja Sonyawibawa diudhari busanane badhar dadi Petruk. Pranyata Prabu Belgedhuwelbeh iku sejatine Petruk. Nalika ditakoni Kresna kok bisa dadi ratu lan sekti. Petruk matur menawa dheweke nggawa pusaka Jamus Kalimasada. Pusaka mau ditemu merga ceblok nalika dicolong Mustakaweni kang perang karo Bambang Priyambada. Sadurunge dibalekake marang Prabu Puntadewa, pusaka Jamus Kalimasada dianggo ngedekake negara kanggo merjuwangake rakyat cilik.

Crita Petruk dadi Ratu nduwenei pasemon kang akeh. Kayata: pasemone wong sugih anyaran, panguwasa anyaran, pasemone kawula cilik kang kepingin mulya, uga pasemone ratu adil iku asale saka kawula alit. lan kawula cilik yen dipercaya dadi panguwasa pranyata uga bisa.

Soal & pembahasan LKS Gladhen Kaca 30 Basa Jawa

Pitakon-pitakon saka wacan ing ngisor iki wangsulana kang patitis!

1. Negara apa kang madeg ing cedhak tapel wates negara Ngastina? 
Jawaban: madeg praja anyar kang aran Sonyawibawa

2. Sapa asmane raja saka negara anayar mau? 
Jawaban: Prabu Durtawarna, Prabu Gurnadur Prabu Thongthongsot lan Prabu Belgedhuwelbeh

3. Kepriye panguripane kawula negara Sonyawibawa? 
Jawaban: maune para kawula padha kekurangan uripe dadi makmur akeh para kawula ngastina kangad padha pindhah menyang praja Sonyawibawa

4. Negara ngendi kang nglurug perang menyang Sonyawibawa? 
Jawaban: Ngastina

5. Nalika Prabu Duryudana kepikut, Kurawa njaluk bantuwan marang sapa? 
Jawaban: Pandhawa

6. Negara Sonyawibawa ngutamakake apa? 
Jawaban: kesejahteraan rakyate

7. Sapa kang bisa ngasorake raja Sonyawibawa? 
Jawaban: Prabu Duryudana

8. Sapa sejatine Prabu Belgedhuwelbleh iku? 
Jawaban: Prabu Belgedhuwelbleh iku sejatine Petruk

9. Apa sebabe Petruk bisa dadi ratu lan sekti mandraguna? 
Jawaban: Petruk matur menawa dheweke nggawa pusaka Jamus Kalimasada

10. Apa wae pasemon kang ana ing lakon Petruk dadi Ratu? 
Jawaban: kang aleh. kayata: pasemone wong sugih anyaran, panguwasa anyaran, pasemone kawula cilik kang kepingin mulya, uga pasemone ratu adil iku saka kawula alit, lan kawula cilik yen dipercaya dadi panguwasa pranyata uga bisa


Saya adalah admin dari Instagram @memekoplak.hqq. Disini saya membuat blog untuk Fansub anime (MKH Fansub) dan Pembahasan anime (MKH Anime). Jadi jika kalian penasaran dengan meme saya, langsung cek …