Table of Content

Latihan Soal Ujian Sekolah Bahasa Jawa Paket 1 SMP

Soal Ujian Sekolah Bahasa Jawa Paket 1 SMP Tahun 2019 Beserta Kunci Jawabannya

Soal dan Jawaban pdf


Jawaban esai

1. Punta dewa (Yudistira), Wrekodara (Bima), Janaka (Arjuna), Nakula dan Sadewa

2. 

3. Nyolongan

4. Simbah dahar sekul pecel wau enjing

5. Maskumambang, mijil, sinom, durma, kinanthi






Keyword: SOAL LATIHAN PAKET 1 UJIAN SEKOLAH BERBASIS NASIONAL BAHASA DAERAH KOTA SURABAYA TAHUN PELAJARAN 2018/2019 1. Gatekna teks geguritan iki! BUKU (Dening: Anggit Panggrahita, S.Pd.) Buku iku sumbere ilmu Bisa dadi gantine guru Tanpa buku, siswa ora bisa maju Sumbering kawruh tumprap sing ngeluru Mundhak kawruhe, tambah wasise lan pintere Ya merga saka buku Buku ora kena kanggo lemek tahu Kudune diwaca lan disinau Sing ora seneng maca buku kuwi wong sing mblilu Yen kepengen sugih ilmu Ya kudu taberi anggone sinau Guru ora bisa pisah karo buku Jagading pendhidhikan ora bisa uwal Ninggalake buku sing mutu (PS. No. 20: 19 Mei 2018) Tema kang mathuk kanggo geguritan kasebut yaiku .... A. Buku B. Pendhidhikan C. Siswa D. Guru 2. Gatekna teks geguritan iki! MANGSA KETIGA (Dening: Aris Irianti) Mangsa ketiga wis teka Sawah-sawah padha nela Ora bisa ditanduri Kamangka kita butuh pari Tegalan ya semono uga Arep ditandur ana tela Thukule amung suket teki Dhuh Gusti paringana rejeki Amung kangge nedha Anak putu lan keluarga Mugio kanthi angin kang gumanti Panjenengan tansah maringi Margi kang amba Wonten ing mangsa ketiga menika (PS No. 38: 23 September 2017) Pesen utawa amanat kang kinandhut saka geguritan ing dhuwur yaiku .... A. Muga-muga tanduran enggal thukul B. Manungsa butuh pari C. Sawah lan tegalan ora bisa ditanduri D. Nyuwun marang Gusti, mugia enggal kaparingan udan 3. Wacanen kanthi setiti! SENDANG BIRU Sendang Biru yaiku salah sijine pesisir ing wewengkon Kabupaten Malang, klebu Kecamatan Sumbermanjing. Manggone ing sakidule kutha Malang kang adohe kurang luwih 30 kilo meter. Pesisir Sendang Biru minangka obyek wisata sing endah lan bisa narik kawigaten marang sapa wae sing teka menyang Sendang Biru. Jalarane pesisire resik, wedhine katon putih, lan yen nyawang mangidul katon njenggerenge Pulo Sempu. Saka Pesisir Sendang Biru bisa nyabrang menyang Pulo Sempu. Anane Pulo Sempu ombak ing Pesisir Sendang Biru ora gedhe. Ing Sendang Biru dijangkepi fasilitas kang bisa nyengkuyung kegiatan pariwisata. Diarani Sendang Biru kuwi ana sejarahe. Ing pesisir ana sawenehing sumber kang banyune wernane biru. Tembung sumber bisa uga ateges sendhang, mula banjur diarani Pesisir         Sendang Biru. Pesisir Sendang Biru ing dinane iki dikelola dening perusahaan negara aran Forestay. Ing kana fasilitas wis sumadiya, ing antarane yaiku panginepan, guess house, omah jaga, lan prau sewan. Para pangunjung yen kepengin menyang Sendang Biru bisa nganggo kendaraan pribadi utawa kendaraan umum, yaiku mikrolet jurusan Gadang - Turen - Sendang Biru. (Sumber: http://www.eastjava.com kanthi owah-owahan sethithik) Ukara sing klebu bagean idhentifikasi yaiku ... A. Ing Sendang biru sumadiya fasilitas, ing antarane yaiku panginepan, guess house, omah jaga, lan prau sewan. B. Para pangunjung yen kepengin menyang Sendang Biru bisa nganggo kendaraan pribadi utawa kendaraan umum. C. Sendang Biru yaiku salah sijine pesisir ing wewengkon Kabupaten Malang, klebu Kecamatan Sumbermanjing. D. Ing Sendang Biru dijangkepi fasilitas kang bisa nyengkuyung kegiatan pariwisata. 4. Wacanen kanthi setiti! Mondholan, iku wangun sing njendhol ing samburiné blangkon, makili modhèl rambut priya sing kerep dibundhel ing mburi. Blangkon modhèl trèpès, iku wujud sing umum blangkon gagrag Surakarta. Gaya iki minangka modhifikasi saka gaya Yogyakarta, amarga akèh-akèhé priya saiki arambut cendhak. Modhèl trèpès iki digawé kanthi njait langsung mondholan ing bagéan mburi blangkon. Saliyané saka suku Jawa, ana uga sawetara suku sing migunakaké panutup sirah sajinis blangkon nanging béda wujudé, yaiku suku Sundha, suku Madura, suku Bali, lan sapanunggalané. (Wikipedia) Ide pokok teks tanggapan deskriptif ana ing wacanan paragraf ing dhuwur yaiku … A. Mondholan, iku wangun sing njendhol ing samburiné blangkon, makili modhèl rambut priya sing kerep dibundhel ing mburi. B. Blangkon modhèl trèpès, iku wujud sing umum blangkon gagrag Surakarta. Gaya iki minangka modhifikasi saka gaya Yogyakarta, amarga akèh-akèhé priya saiki arambut cendhak. C. Modhèl trèpès iki digawé kanthi njait langsung mondholan ing bagéan mburi blangkon. D. Saliyané saka suku Jawa, ana uga sawetara suku sing migunakaké panutup sirah sajinis blangkon nanging béda wujudé, yaiku suku Sundha, suku Madura, suku Bali, lan sapanunggalané. 5. Wacanen kanthi setiti! KI HAJAR DEWANTARA Ki Hajar Dewantara miyos ing Jogyakarta tanggal 2 Mei 1889, kagungan asma asli RM Suwardi Suryaningrat. Panjenengane miyos ing lingkungan kulawarga bangsawan saka trah Kraton Ngayogjakarta. Ki Hajar Dewantara kepengin bisa srawung lan cedhak karo kawula cilik, mula gelar kebangsawanane ora diagem lan ganti asma dari Ki Hajar Dewantara. Sawise ngrampungake pendhidhikan dhasar Ki Hajar Dewantara nerusake pasinaon menyang STOVIA nanging ora nganti tamat, jalaran nandang gerah. Sabanjure Panjenengane nyambut gawe dadi wartawan yaiku ing layang kabar De Express, utusan Hindia, lan kaum muda. Liwat tulisan-tulisane mau Ki Hajar Dewantara ngobarake semangat anti kolonialisme. Saka wacan kasebut, kang njalari Ki Hajar Dewantara ganti jeneng yaiku … A. Supaya bisa srawung lan cedhak karo kawula cilik. B. Panjenengane miyos ing lingkungan kaluwarga bangsawan. C. Panjenengane kagungan asma asli RM Suwardi Suryaningrat. D. Gelar kebangsawanane ora diagem. 6. Wacanen kanthi setiti! BAYU SKAK Bayu Eko Moektito utawa sing luwih kondhang disapa Bayu Skak lair ing Malang, Jawa Timur, 13 November 1993. Ing era modheren iki ora ana sing ora kenal Bayu Skak apa maneh kawula mudha. Bayu Eko Moektito kalebu Youtube creator kang nduweni pangaribawa         (pengaruh) kanggo ngleluri (melestarikan) budaya Jawa utamane basa Jawa. Basa kang digunakake karo Bayu Skak nalika gawe konten video akeh-akeh migunakake basa Jawa. Senadyan migunakake basa Jawa, nyatane sing nonton Youtube Channel Bayu Eko Moektito ora mung wong Jawa. Iki bisa dibuktekake saka kolom-kolom komentar kang akeh sing takon apa arti kang diomongake karo Bayu Skak. Bayu Skak sekolah ing SMK Grafika lan lulus taun 2011. Sabanjure, dheweke nerusake kuliyah ing Universitas Negeri Malang jurusan Art and Design. Ana kene dheweke sempet ora kuliyah 3,5 taun amarga nggarap filem kanthi judhul Yo wis Ben. Filem iki kalebu filem kang ringan kang nyeritakake kadadeyan sabendinane. Ananging pangurbanane kasebut ora siya-siya amarga filem kang digawe kasebut ngolehake apresiasi kang apik saka penonton uga presiden Jokowi. Saka kedadeyan kuwi Bayu Skak oleh dispensasi cuti saka pihak kampus kanthi cathetan kudu ngasilake (menghasilkan) karya sing bisa dikenal kanthi tingkat nasional. Minangka kawula mudha kita kudu nduweni semangat kanggo nyengkuyung kabudayan Jawa. Prestasi ora mung ana ing pelajaran wae, tuladhane wis bisa dilakokake Bayu Skak. Wiwit saiki awake dhewe kudu bisa mangerteni potensi apa kang ana ing awake dhewe, saengga bisa ngukir prestasi kaya Bayu Skak. Saka wacan kasebut, Bayu Skak diarani youtube creator kang ngeleluri kabudayan Jawa amarga …. A. Bayu Skak ganteng B. nliti sadurunge nggawe video kontene C. Bayu Skak pinter D. nganggo basa Jawa ing video kontene 7. Wacanen kanthi setiti! PETRUK DADI RATU Petruk kang dadi ratu anyar pengin ngedekake negara anyar. Dheweke pengin ngobrak- abrik Ngamarta, nanging sadurunge sowan marang Prabu Kresna, Gathuktkaca matur yen Petruk ngosak-asik Ngamarta. Sadurunge kuwi Werkudara matur karo kakange Kresna yen Jimat Kalimasada ilang ora ngerti parane, Kresna duka lan diireh-ireh Baladewa. Manut wacan ing dhuwur watake petruk …. A. grusa-grusu B. pengin menange dhewe C. kumalungkung D. sabar 8. Wacanen kanthi setiti! “Ing sajabane padepokan Arga Sekar isih repet-repet, angin esuk krasa seger banget, Resi Suwandagni wis katon lenggah sila ing pendhapa cecawis ubarampene sesembahan, mapak sumoroting sang bagaskara ing bang wetan direwangi putrane Bambang Sumantri banjur diterusake sembah puja konjuk Sang Hyang Widhi, lumantar Dewa Surya ing sanggar pamujan. Resi Suwandagni kagungan putra loro, yaiku Bambang Sumantri lan Sukrasana. Putra loro mau wineleg ing samubarang kagunan, lan guna kasekten sing padha. Bedane, Bambang Sumatri tinadir pinangka satriya kang bagus rupane lan alus solah bawane, suwalike Bambang Sukrasana tinakdir awujud buta bajang.” Latar panggonan kang ana ing wacan kasebut yaiku …. A. ing sajabane padepokan Arga Sekar B. ing jeroning pendhapa Arga Sekar C. ing sakupenge padepokan Arga Sukma D. ing sajabane padepokan Arga surya 9. Gatekna tembang-tembang iki! 1) Cublak-Cublak Suweng 2) Stasiun Balapan 3) Menthok-Menthok 4) Sluku-Sluku Bathok 5) Kuncung Tembang-tembang kasebut sing kalebu jenis tembang kreasi yaiku …. A. 1 lan 4 B. 2 lan 5 C. 3 lan 5 D. 2 lan 4 10. Gatekna teks tembang iki! Lumbung desa pra tani padha makarya, ayo dhi Jupuk pari nata lesung nyandhak alu, ayo yu Padha nutu yen wis rampung nuli adang, ayo kang Dha tumandang yen wus mateng nuli madhang Pesen kang kinandhut saka Tembang Dolanan ing ndhuwur yaiku .... A. para tani padha makarya bareng B. njupuk pari karo nyandhak alu C. ngajak para tani supaya makarya bareng D. dadi wong kudu sregep nyambut gawe 11. Gatekna aksara Jawa iki! Sandhangan kang digunakake ana ing frasa kasebut yaiku .... A. suku, suku, suku, wulu, cecek B. wulu, wulu, wulu, cecek, layar C. suku, suku, suku, suku, layar D. suku, suku, suku, wulu, wignyan 12. Gatekna aksara Jawa iki! Yen ditulis nganggo aksara latin yaiku …. A. lumbok ijo B. lumbok abang C. lombok ijo D. lombok abang 13. Gagasan utawa idhe sing dadi pujerane crita, bisa dititik langsung saka ukara-ukara ing teks diarani …. A. latar B. tema C. alur D. paraga 14. Wacanen kanthi setiti! KERSANE KANG PARING URIP Dening: Nini Klenyem Senajan tinitah dadi anake randha mlarat, ning Wastri diwenehi rupa ayu. Embuh tiru sapa wong simboke ya mung lumrah wae. Bapake tinggal donya nalika dheweke lagi umur pitung sasi. Nalika wastri arep mlebu SMP, simboke akon supaya leren wae merga ora duwe ragad. Nanging Bu Carik sing daleme cecaketan ngendika, “Yu, ben wae Wastri nerusake sekolah, aku saguh ngragadi. Sauger kowe nyambut gawe neng omahku mengko saben sasi kowe takblanja murwat.”         “Oh, inggih Bu, kula ndherek!” Semaure Wastri. Saka wacan kasebut, kang menehi tetulung marang kulawargane Wastri yaiku …. A. Bu Carik B. Wastri C. Simbok D. Bapake Wastri 15. Setitekna wacan iki! Sawise nyadhari, wiwit sesuk Dea bakal nindakake apa kang dingendikakake ibune, yaiku kerjasama karo kabeh kancane. Ing atine saiki wis tuwuh pangerten yen ora bakal ana         prakara abot yen ditindhakake kanthi bebarengan. Mula saiki saka kuwi dheweke mantebake awake dhewe. Saben-saben ngadhepi prakara kang abot, ing atine dheweke bakal ngomong, “Dea kudu bisa.” Dea ngucapake rasa matur nuwun kang gedhe banget jalaran ibune wis menehi pituduh supaya dheweke dadi bocah sing oara gampang nyerah. Pesen/amanat sing ana ing pethikan cerita cekak ing dhuwur yaiku .... A. ora oleh gampang putus asa B. ora oleh gampang cugetan C. ora oleh gampang nesu D. ora oleh gampang menehi 16. Wong sekolah kuwi kudu tekun supaya bisa kasil. Padha karo ujare simbah “teteken tekun bakal katekan.” Ukara “teteken tekun bakal katekan” ngandhut jinise purwakanthi …. A. guru basa B. guru lagu C. guru swara D. guru sastra 17. Setitekna ukara iki! Pak Suryadi kuwi kaya … katone prasaja nanging pinter banget. Paribasan kang cocok kanggo ngisi ceceg-ceceg ing ndhuwur yaiku …. A. Bathok bolu isi madu B. Idu di dilat maneh C. Kebo kabotan sunggu D. Legan golek momongan 18. Setitekna pethikan wawan rembug iki! Anik : Kula nuwun Pak Karji : Mangga nak. Kene mlebu kene. Anik : Inggih pak, matur nuwun. Pak Karji : Ana perlu apa kok sajak wigati banget. Dewi : Punika lho pak, kula pengin ngertos bathik kagungan panjenengan. Pak Karji : Apa bae sing pengin dingerteni nak? Anik : Punapa naminipun usaha bathik panjenengan pak? Pak Karji : Usaha bathik iki dakjenengake “Sekar Jagad”. Wawancara ing dhuwur kalebu struktur teks bagian .... A. identifikasi         B. klasifikasi C. deskripsi D. koda 19. Gatekna pethikan wawancara iki! Esti : Kripik gedhang punika dados menapa, Bu? Bu Atik : Kripik Gedhang Agung didadekake unggulan Kabupaten Lumajang. Ukara sing diaturne dening Bu Atik kalebu ukara .... A. tanduk B. tanggap C. pitakon D. pakon 20. Setitekna jinise layang iki! 1) layang kitir (telegram) 2) layang ulem (undhangan) 3) layang dhawuh (perintah) 4) layang lelayu (kabar kepaten) 5) layang paturan (edaran/pemberitahuan) 6) layang pribadi (iber-iber) Kang kalebu layang resmi yaiku …. A. 1 lan 6 B. 3 lan 4 C. 2 lan 5 D. 3 lan 5 21. Setitekna jinise layang iki! 1) Pambuka 2) Tapak Asma 3) Isi/surasa 4) Adangiyah 5) Papan lan titi mangsa 6) Panutup/wasana 7) Asma Terang 8) Peprenah Urut-urutane layang kang trep yaiku …. A. 5, 4, 1, 3, 6, 7, 8, 2 B. 5, 1, 4, 3, 6, 8, 7, 2 C. 5, 4, 1, 3, 6, 7, 2, 8 D. 5, 4, 1, 3, 6, 8, 2, 7 22. Setitekna layang iki! Layang ing ndhuwur kalebu jinise layang.... A. pribadi B. resmi C. ulem D. kitir 23. Setitekna layang iki! Perangan layang nomer (1) kang nerangake panggonan, tanggal nalika layang ditulis diarani .... A. papan lan titi mangsa B. adangiyah C. pambuka D. surasa basa Madiun, 16 Juni 2019 (1) Katur dhumateng Pakdhe Kartasumarma Ing Surabaya (2) Atur pamuji rahayu, Kanthi serat punika keng putra atur pawarta bilih ingkang putra sakulawarga ing Madiun tansah ginanjar wilujeng. Panuwun kula dhateng Gusti Ingkang Maha Agung, mugi-mugi Pakdhe saha sedaya kulawarga wonten ing Surabaya tansah ginanjar wilujeng, kalis saking rubeda. (3) Kejawi saking punika keng wayah atur kabar bilih sapunika keng wayah kanthi pandonganipun eyang kekalih sampun kasil minggah kelas 8 SMP wonten ing Madiun. Sekedhap malih piwulangan semester ganjil ndungkap purna. Keng wayah nyuwun pandonganipun eyang kekalih, mugi-mugi rapor kula samangke pikantuk biji ingkang sae. (4) Wasana cekap semanten atur kula, manawi wonten lepat atur saha panyerat, kula nyuwun lubering samudra pangaksami. (5) Nuwun. Ingkang Putra (6) Wijaya (7) Katur Mas Triyono ing dalem Wiyose Mas, yen ndadekake keparenging penggalih, sesok aku arep sowan njenengan kaperlu arep nyuwun ngampil dhuwit rong yuta rupiyah, arep dakenggo tilik sedulur kang lagi lara ing rumah sakit Delta Surya Sidoarjo. Dene anggonku mbalekake gajian wulan ngarep mengko. Pasuruan, 3 Maret 2019 Adhimu, Pasuruan Minarsih 24. Setitekna tembang macapat iki! Kidung mijil mangka amiwiti Wijanging pangraos Ya sanadyan sajak mung sepele Tadhah soking wutahaning ati Hardaning ubalsih Jatining wong wuyung Guru lagune tembang Mijil kasebut yaiku …. A. i, e, o, i, u, u B. i, e, e, i, i, u C. i, o, e, i, e, u D. i, o, e, i, i, u 25. Gatekna tembang macapat Gambuh iki! Tutur bener puniku Sayektine apantese tiniru Nadyan metu saking wong sudra papeki Lamun becik nggone muruk Iku pantes sira anggo Manut tembang Gambuh ing dhuwur, cacahe guru wilangan saka gatra kaping papat yaiku .... A. 6 B. 7 C. 8 D. 9 26. Gatekna tembang macapat iki! Ngelmu iku kalakone kanthi laku Lekase lawan kas Tegese kas nyantosani Setya budya pangekese dur angkara Cacahe guru gatra manut tembang Pocung kasebut yaiku .... A. 4 B. 5 C. 6 D. 7 27. Suryani tuku sega uduk. Ukara kasebut yen ditulis nganggo aksara Murda yaiku … A. B. C. D. 28. Wulan Agustus. Ukara kasebut yen ditulis nganggo aksara Swara yaiku … A. B. C. D. 29. Tahun 1945. “1945” yen ditulis nganggo aksara Angka yaiku … A. B. C. D. 30. Gatekna pethikan teks drama iki! Rudi turu ing amben, nglindur njerit-jerit njaluk tulung ibune. Ibune kang lagi saka pawon, kanthi gupuh cepet-cepet nggugah Rudi. Ibu : Le, tangi le. Rudi : Ibu... (njerit, kanthi ngos-ngosan) kula ajeng dibakar tiyang, Bu. Ibu : Dibakar apa ta, Le? Wong awit mau awakmu turu wae ngono lho. Rudi : Dadi aku mau mung nglindur buk? (bungah) Alhamdulillah... (ngerangkul ibune) Pethikan teks drama ing nduwur yen katitik saka struktur teks kalebu perangane... A. Eksposisi B. Komplikasi C. Klimaks D. Ending         31. Gatekna pethikan drama iki! Narti : Ibu punapa siyos tindak sapunika? (karo nyedhaki ibune sing lagi setrika) Ibu : Ya, durung ta, Nar. Iki isih ngenteni Bapakmu. Narti : Bapak kala wau tindak pundi ta, Bu. Ngantos yah manten kok dereng rawuh? Ibu : Ngendikane mau neng daleme Pak RT, nanging kok ya suwemen! Bapak : Assalamu’alaikum, walah-walah wis padha ganti klambi ta iki! (mlaku karo nyopot helm tumuju ibu lan Narti) Manut teks drama kasebut, papan panggonane Ibu, Narti, lan Bapak nalika rembugan ing .... A. garasi mobil B. kamare ibu C. kamare Narti D. ruwang setrikan 32. Gatekna pethikan drama iki! RUDI LAN PS3 Ing bug sacedhake prapatan, katon nom-noman kang lagi padha cangkrukan. Tomo : Cangkrukan sore-sore ngene iki enak banget ya? (sambi molet)         Hasan : Iya Tom, bener. Aku ya seneng banget, bisa ngerti wong sliwar-sliwer. Salim : Padha, aku iya. Amerga aku ora perlu nunggu toko ing omah. (ngadeg) Hasan : (ngethak Salim) Pancen anak durhaka kowe iku Lim, Lim. dikongkon mbokmu jaga toko kok malah dolan. Salim : (ngendha saka kethakane Hasan) Heh! San, awakmu iki kok ngethak-ngethak wong sakenake dhewe wae? Kok kira aku iki anakmu ngono ta? (rada nesu) Hasan : Ya ora ngono Lim, mung aku iki ora tega karo ibumu, wis randha duwe anak siji wae kok angel menawa dikongkon rewang-rewang. (sinambi ngelus dhadha) Apa awakmu ora mesakake mbokmu? Salim : Ya jelas ngesakake ta, San. Tapi aku cah enom kan ya pengin dolan barang. Mosok arep neng omah terus, boring man, boring! (karo tangane melu obah- obah, ekspresif) Hasan : Perasaanku wiwit biyen gaweanmu mung dolan thok. (karo nglirik, nyindir salim) Saka wacan ing ndhuwur bisa didudut watak saka paraga Hasan yaiku ... A. seneng dolan B. seneng tetulung C. seneng aweh pitutur D. seneng nyemoni (nyindir) 33. Gatekna pethikan drama iki! Ing ruang tamu Pak Narko lan Prayitno padha lagi jagongan. Wong loro padha meneng. Sajake padha asyik karo lelamunane dhewe-dhewe. Sedhela-sedhela usreg mbenakke nggone lungguh. Bu Narko mlebu nggawa ceret, gelas, lan tela godhog, banjur lungguh neng kursi njejeri Pak Narko. Sawetara wektu wong telu padha meneng. Pak Narko : “Lara rasane atiku!” (rada mbesengut) Bu Narko : “Mbok ya uwis ta pak ra sah dipikir jero. Mandak mung diunekne ngono wae ya aja lara ati. Pokoke sing penting nyatane rak ora ta.” Pak Narko : “Lha wong wis kadhung lara tenan atiku dicap kaya ngono iki. anake dhewe pancen ya kurang ajar, ning lek wong tuwane dicandhak-candhak elek, sapa sing ora muntab!” Bu Narko : “Mulane bener jare unen-unen kae Pak, anak polah bapa kepradhah.” Basa kang digunakake dening Bu Narko ing pacaturan kasebut yaiku …. A. Krama alus B. Ngoko alus C. Ngoko lugu D. Krama alus 34. Wacanen kanthi titi! Puluhan taun kali lamongan mbanjiri warga ing sakiwa tengene. Gresik, Walikota Surabaya, Gubernur Jawa Timur, Wis bola-bali ganti, nanging meksa durung bisa ngatasi banjir kali ing tapel wates kabupaten Gresik lan kotamadya Surabaya iku. Saben taun warga kecamatan Benjeng, Menganti, Cerme ing kabupaten Gresik lan warga kecamatan Benowo ing surabaya iku mesthi keleban banjir, sing sok nganti nuwuhake kurban jiwa. Tanduran pangan padha kelem, iwak-iwak ing tambak padha kentir embuh parane. Sing sekolah kepeksa prei amarga sekolahane kebanjiran. Kantor kecamatan, kantor desa, Polsek lan Koramil, uga ora bisa weh paladenan jalaran kelem Pethikan struktur teks observasi ing ndhuwur kalebu perangan .... A. dhefinisi umum B. dheskripsi bagean C. dheskripsi manfaat D. dheskripsi dhefinisi 35. Wacanen kanthi titi! Uwuh sing ana ing masyarakat bisa kaperang dadi loro, yaiku uwuh organik lan anorganik. Uwuh organik yaiku sawenehing uwuh sing dumadi saka tetuwuhan utawa urip- uripan, upamane sisa panganan, godhong, lan liya-liyane. Dene uwuh anorganik yaiku uwuh sing dumadi saka proses prodhuksi kanthi cara kimia, upamane wesi, kaca, plastik, lan liya- liyane. Sakabehi nguwuh mau menawa ora diopeni kanthi becik mesthi nuwuhake ambu sing ora enak lan pungkasane bisa nyebabake lelara. Saka wacan kasebut, plastik, wesi, kaca kalebu uwuh .... A. organik B. anorganik C. campuran D. gas 36. Wacanen kanthi titi! 1) Kegiyatan karya wisata dileksanakake tanggal 14 desember 2016. 2) Adhedhasar asil rapat karo wali murid karya wisata dianakake sawise ulangan semester ganjil. 3) Karya wisata kanggo para siswa kelas 9 wis kaleksanan kanthi lancar. 4) Tujuwan studi wisata yaiku supaya para siswa bisa nglumpukake data tinggalane sejarah. Ukara sing trep kanggo bageyan pambuka ing laporan kegiyatan ana ing ukara nomer …. A. 1 lan 2 B. 3 lan 4 C. 1 lan 3 D. 2 lan 4 37. Setitekna struktur pidhato iki! 1) Isi/Surasa 2) Salam panutup 3) Pangarep-arep 4) Dudutan 5) Salam pambuka 6) Purwaka/Pambuka 7) Panyapa 8) Panutup/Wasana Basa Urut-urutane pidhato sing bener yaiku …. A. 5, 6, 7, 1, 8, 4, 3, 2 B. 7, 5, 6, 1, 8, 4, 3, 2 C. 5, 7, 6, 1, 4, 3, 8, 2 D. 7, 5, 6, 1, 4, 3, 8, 2 38. Wacanen pethikan pidhato iki! Adhik-adhik ingkang kula tresnani, kula tansah njurung donga lan pamuji mugi-mugi ingkang taksih wonten ing … mriki tansah pikantuk pangayomanipun Allah SWT. Samanten ugi kula nyuwun donga saha pangestu, mugi-mugi kula sakanca saged nglajengaken wonten ing pawiyatan ingkang langkung inggil. Tembung kang trep kanggo njangkepi ceceg-ceceg ing naskah pidato kasebut yaiku …. A. kantor B. omah C. pasar D. pawiyatan 39. Wacanen pethikan pidhato iki! Wasana namung samanten atur kula minangka sesulih rencang-rencang kelas IX sedaya, mbok bilih wonten galap-gangsuling saha benceng cewenging atur, kula tansah nyuwun lumunturing samodra sih pangaksami. Nuwun. Ukara ing dhuwur iku pethikan saka pidhato kang kagolong ana ing perangan …. A. salam pambuka B. purwaka C. pangarep-arep D. panutup 40. Wacanen pethikan pidhato iki! Bapak, ibu, lan kanca-kanca ingkang kula kurmati. Kagiyatan Peningkatan Mutu saben enjing dipunsuwun saged nambahi kawruh kagem para siswa supados siyap ngadhepi UNBK, saengga kagiyatan Peningkatan Mutu samenika wigati sanget kagem kelas IX. Mila mangga kagiyatan Peningkatan Mutu samenika dipunsengkuyung sareng-sareng supados saged kaleksanan lan tujuwanipun saged dipungayuh. Gagasan utama ing surasa pidhato kasebut yaiku .... A. Kegiyatan Peningkatan Mutu disengkuyung bareng-bareng B. Kegiyatan Peningkatan Mutu dikarepake supaya siswa klas IX siyap ngadhepi UNBK C. Tujuwan kagiyatan Peningkatan Mutu saged dipungayuh D. kagiyatan Peningkatan Mutu wigati tumrap siswa Kelas IX URAIAN 1. Sebutna tokoh wayang sing kalebu Pandhawa! 2. Mardi munggah kaji. Owahana ukara kasebut ing aksara Jawa! 3. Banu dawa tangane, mula ora disenengi kanca-kancane. Terangna tegese tembung entar “dawa tangane!” 4. Simbah mangan sega pecel mau esuk. Owahana ukara kasebut ing basa krama alus! 5. Sebutna saora-orane 5 (lima) wae jinise tembang macapat
Saya adalah admin dari Instagram @memekoplak.hqq. Disini saya membuat blog untuk Fansub anime (MKH Fansub) dan Pembahasan anime (MKH Anime). Jadi jika kalian penasaran dengan meme saya, langsung cek …