Table of Content

20 Soal dan Jawaban Bahasa Jawa kelas 9 semester 2

Soal dan Jawaban soal latihan bahasa Jawa kelas 9 Semester 2 kurikulum 2013
soal PAS bahasa jawa kelas 9 semester 2 kurikulum 2013 dan kunci jawaban

Soal

1. Struktur teks laporan kegiatan sing runtut yaiku....
A. pambuka,panutup, isinya
B. pambuka lan isi
C. pambuka, isi, panutup
D. Isi, pambuka, panutup

2. Paugeran panulise teks laporan kegiatan ing antarane yaiku....
A. runtut manut strukture
B. tulisane kudu bener
C. nganggo basa kang endah
D. dilampiri data lan foto

3. Laporan kegiatan katulis minangka bukti yen sawijining kegiatan wis dileksanakake. Kejaba kuwi laporan kegiatan katulis kanggo....
A. dokumen pribadi para siswa
B. dokumen kanggo sekolah
C. pertanggungjawaban
D. latihan nulis laporan

4. Jeneng kegiatan, wektu, rantaman acara, kalebu perangan saka struktur teks pelapuran sing diarani...
A. purwaka
B. panutup
C. isi
D. dudutan

5. Ngandharake menawa acara wis kaleksanan lan pangajab saka diadhakake kegiyatan kalebu perangan saka struktur teks pelapuran sing diarani....
A. panutup
B. isi
C. dudutan
D. purwaka

6. Jam pira budhalmu sekolah?
Ukara kasebut kalebu ukara....
A. carita
B. andharan
C. pitakon
D. sambawa

7. Ukara kang ngandharake sawijining kedadeyan utawa perkara marang wong sing diajak guneman diarani ukara...
A. pakon
B. camboran
C. pitakon
D. andharan

8. Ing tlatah Malang kaloka papan wisata sing edi peni. 
Ukara kasebut kalebu ukara....
A. andharan
B. camboran
C. pitakon
D. pakon

9. Laporan kegiatan digawe .... nindakake kegiyatan.
A. sadurunge
B. nalika
C. sawise
D. wektu

10. Gatekna ukara iki!
1) Kegiatan karya wisata dileksanakake tanggal 12 nganti 13 april 2015.
2) Adhedhasar asil rapat karo wali murid karya wisata dianakake ing liburan semester ganjil.
3) Karya wisata kanggo para siswa kelas 9 wis kaleksanan kanthi lancar.
4) Tujuwan studi wisata yaiku supaya para siswa bisangumpukake data tinggalan sejarah.

Ukara kang trep kanggo bageyan pambuka laporan kegiatan yaiku ukara nomer....
A. 1 dan 2
B. 3 dan 4
C. 1 dan 3
D. 2 dan 4

11. Ukara kang cocog kanggo bageyan panutup ing teks laporan kegiatan yaiku....
A. Bocah-bocah sing melu studi wisata cacahe 135.
B. Karya wisata wis kaleksanan kanthi lancar.
C. Kegiatan karya wisata dileksanakake tanggal 2 Maret 2015.
D. Borobudur manggon ing wewengkon kabupaten Magelang.

12. Gatekna cengkorongan laporan kegiatan MOS ing ngisor iki!
Jeneng kegiyatan :
Dhasare panemu :
Ancas kegiyatan :
Isi kegiyatan :
Panutup :
Ukara kang trep kanggo ngembangake perangan dhasare panemu yaiku….

A. Masa Orientasi Siswa utawa biasa diarani MOS minangka sawijining kegiyatan kang umum diadhakake ing sekolah kanggo nampa tekane siswa anyar.

B. Nepungake para siswa marang sakabehe piranti (komponen) sekolah kayata norma, aturan. budaya, tata tertib lan sapiturute.

C. Wektu : Senin – Rebo, 27 – 29 Juli 2015

D. Kegiyatan MOS wis kaleksanan kanthi lancar. Muga-muga bisa nggawa pangaribawa sing becik tumrap sakabehe para siswa, mligine siswa anyar.

13. Gatekna cengkorongan laporan kegiatan MOS ing ngisor iki!
Jeneng kegiyatan :
Dhasare panemu :
Ancas kegiyatan :
Isi kegiyatan :
Panutup :
Ukara kang trep kanggo ngembangame perangan ancas kegiyatan yaiku….

A. Masa Orientasi Siswa utawa biasa diarani MOS minangka sawijining kegiyatan kang umum diadhakake ing sekolah kanggo nampa tekane siswa anyar.

B. Nepungake para siswa marang sakabehe piranti (komponen) sekolah kayata norma, aturan. budaya, tata tertib lan sapiturute.

C. Wektu : Senin – Rebo, 27 – 29 Juli 2015

D. Kegiyatan MOS wis kaleksanan kanthi lancar. Muga-muga bisa nggawa pangaribawa sing becik tumrap sakabehe para siswa, mligine siswa anyar.

14. Gatekna cengkorongan laporan kegiatan MOS ing ngisor iki!
Jeneng kegiyatan :
Dhasare panemu :
Ancas kegiyatan :
Isi kegiyatan :
Panutup :
Ukara kang trep kanggo ngembangake perangan panutup yaiku….

A. Masa Orientasi Siswa utawa biasa diarani MOS minangka sawijining kegiyatan kang umum diadhakake ing sekolah kanggo nampa tekane siswa anyar.

B. Nepungake para siswa marang sakabehe piranti (komponen) sekolah kayata norma, aturan. budaya, tata tertib lan sapiturute.

C. Wektu : Senin – Rebo, 27 – 29 Juli 2015

D. MOS wis kaleksanan kanthi lancar. Muga-muga bisa nggawa pangaribawa sing becik tumrap sakabehe para siswa, mligine siswa anyar.

15. Wacanen kang premati teks ing ngisor iki!
I. PURWAKA
1. Dhasare Panemu (latar belakang masalah)
Kegiyatan Persami salah sawijine kegiyatan sekolah kang bisa nglatih para siswa mandiri lan uga bisa ngraketake antarane para siswa. Persami uga bisa nepungake antarane para siswa karo kahanan alam sekitar.
2. Ancas Kegiyatan
• Nglatih para siswa bisa mandiri
• Ngraketake tali silaturahmi antarane para siswa
• Menehi pasinaon supaya bisa ngramut lingkungan alam

Manut teks ing dhuwur tujuan dianakake kegiyatan persami yaiku….
A. ngrusak lingkungan alam sekitar
B. nglatih siswa urip sara
C. nglatih para siswa mandiri
D. nglatih para siswa jirih

16. Ukara ing ngisor iki sing cocog kanggo purwaka laporan kegiatan yaiku….
A. Persami dibuka kanthi upacara ing dina Sabtu jam 14.30
B. Persami uga bisa nepungake antarane para siswa karo kahanan alam sekitar.
C. Kegiatan Persami wis kaleksanan kanthi lancar.
D. Dina Minggu kegiatan Persami diwiwiti.


17. Isining teks laporan kegiyatan kaya ing ngisor iki, kejaba ....
A. Tujuan kegiatan
B. Jeneng kegiatan
C. Wektu kegiatan
D. Dheskripsi kegiatan

18. Ing ngisor iki sing kalebu ukara lamba yaiku....
A. Aku weruh ana kobongan ing Pasar, wong dodolan padha mlayu nylametake awake dhewe-dhewe.
B. Bapak tindak
C. Bapak maos koran lan ibu mirsani TV
D. Adhiku ora mlebu sekolah amarga lara weteng

19. Sing kalebu ukara camboran susun yaiku ....
A. Aku mangan bakso lan adhiku mangan soto
B. Awakku lemu nanging awake adhiku kuru
C. Bapak karo ibu tindak Jakarta
D. Bapak ora tindak menyang kantor jalaran gerah

20. SMP negeri 23 Surabaya saben tahun duwe acara rutin yaiku pelepasan siswa kelas 9, acara iku mesthi dianakake sadurune ana pandemi covid 19.
Ukara kasebut kalebu tuladhane ukara....
A. pakon
B. pitakon
C. carita
D. lamba

Jawaban

1. C
2. A
3. C
4. C
5. A
6. C
7. D
8. A
9. C
10. D
11. B
12. A
13. B
14. D
15. C
16. B
17. A
18. B
19. D
20. C


Saya adalah admin dari Instagram @memekoplak.hqq. Disini saya membuat blog untuk Fansub anime (MKH Fansub) dan Pembahasan anime (MKH Anime). Jadi jika kalian penasaran dengan meme saya, langsung cek …